Media Dakwah, Pendidikan, Teknologi dan kesehatan

cari artikel anda disini

Wednesday, May 16, 2018

Kultum basa jawi “ NYAMBUT WULAN RAMADLON”


Kultum basa jawi
 “ NYAMBUT WULAN RAMADLON”


السلا م عليكم ورحمة الله و بركته
الحمد الله الذي جعل رمضان افضل الشهر فنح فيه ابوا بالجنّة بما فيه منَ السرور.
اشهد ان لااله الاّ الله وحده لا شريك له و اشهد انّ محمد رسوله على نبي بعد.
اللهم صلى و سلم على رسولك محمد و على اله و صحبه  و من والاه.
فيا ايها الناس اتقوا الله حق تقاته, ولا تموتنّ الاّ و انتم مسلمون
قل الله تعلى في القران الكريم : يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِينَ مِن قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ
صدقا الله العديم
Assalamu’alaikum wa rahmatullahi wa barakatuh
Alhamdulillahi ja’ala ramadlaana afdhola syuhuuri fatakha fiihi ab(e)waab aljannati bima fiihaa min assuruur.
Asyhadu allaa ilaaha illa allah wakhdahu la syariikallah wa asyhadu anna muhammad rasuluh ‘alaa nabiya ba’da.
Allahumma soli wa salim ‘ala rasuulika muhammad wa ‘ala alihi wa wa sohbihi wa man wa lah
fayaa ayyuhannas ittaqullaha khaqo tuqotihi wa laa tamuutuna illa wa antum muslimin
qola alluhu ta’ala fiil qur’anul karim : yaa ayyuha aldziina amanu kutiba ‘alaikum ssiyamu kama kutima ‘ala lladzina min kab(e)likum la’alakum tattaquun.
sodaqollahul’adzim
Kaum Muslimin jama’ah rakhimatulullah
Monggo samiyo netepi taqwa dumateng Allah swt. ateges tansah nindaaken dawuh-dawuhipun lan nebihi awisan-awisanipun lan monggo sami ngerahos binggah nyambung dumu geneng wulan ramadlan, sarana nyenyuwun dumateng gusti Allah  swt mugiyo saget meningi wulan ingkang agung punika kanthi kawontenan awak kanthi sehat mboten wonten kekirangan punopo-punopo, lajeng saget kito ginaaken kanthi sak sahe- sahe nipun. Amargi wulan ramadlan lawang-lawang suwarganipun bika’, lawang-lawang neraka dipun tutup, lan sayaiton-syaiton dipun belenggu.
Wonten ing wulan ramadlan ugi dipun khususi kanthi ibadah-ibadah mboten kento-kento agungipun wales ganjaran saking ngerso dalem Allah swt. Wonten ing sasi ramadlan punika ugi dipun turunaken wekdal ingkang istimewa, ingkang kasebut lailatul qadar. ingkang kautamaanipun lailailatul qadar punika ngungkuli kasaenan ingkang luweh sae katimbang kasaenan sewu wulan. Cekak’ipun wulan ramadlan punika satunggalipun wulan ingkang kebak ganjaran lan rahmat. Ngantos para sahabat r.a sami kepingin menawi setunggal tahun ingkang wonten punika sedoyonipun dados wulan ramadlan.
Kaum Muslimin jama’ah rakhimatulullah
Milo monggo kita sami cawis-cawis ingkang sak sae-saenipun. Supados rahmat, ganjaran lan pangapura nipun gusti Allah saget kulo panjenegan tampi kanthi sae. mulai dinten meniko monggo kita sami miwiti, siap-siap. Kanthi ngirahi raos kumanthil dateng donyo, kanthi ngempet hawa nafsu lan sakpanunggalipun . Monggo sami siap-siap mamdep dhumateng ibadah agung wonten ing wulan ramadhan. Sahingga benjang menawi sampun medal saking wulan ingkang suci punika kita saestu-saestu tansah dados ingkang tiyang luweh sae.
Kaum Muslimin jama’ah rakhimatulullah
Mekaten ingkang saget kawulo sampekaken wonten panjenengan sami, menawi leres saestu saking Allah swt kaliyan rosul. lan menawi wonten lepate saking kulo piyambah, saestu kulo nyuwun agunging samudro pangaksami.

Barokallahufikum
Wassalamu’alaikum wa rahmatullahi wa barakatuh
“Jangan lupa Follow melalui email anda untuk selalu mendapat update dari kami”

No comments: