السلام
عليكم ور حمة الله و بر كاته
الحمد
لله الذى خلق السماوات والاض و جعل الاسلام و نورا هدايةً
أَشْهَدُ
أَنْ لاَاِلهَ اِلآ الله وحده لا شريك له. و اشهد ان محمدا عبده و رسوله لا نبي
بعده. اللهم صلى و سلم على رسولك محمد و على اله و صحبه و من والاه. فيا ايها الناس اتقوا الله حق
تقاته, ولا تموتنّ الاّ و انتم مسلمون. اما بعد.
Kaum
Muslimin Jamaah Jum’ah Rahimakumullah
Wonten kesempatan ingkang bungah punika, kulo tansah ngengetaken
dhateng panjenengan jama’ah sedoyo, mangga-mangga kita tansah budidayaaken
ningkataken iman lan taqwa dumateng Allah, inggih punika nindaaken
dhawuh-dhawuhipun lan nilar nopo ingkang dados awisipun. Mboten supen bilih
kita tansah berusaha anggenipun nyempurnaaken ibadah shalat punika ingkang
badhe nemtoaken sae boten saenipun amal ibadah kita. Rasulullah saw nate
ngendika :
الصلاة عماد الدين فمن أقامها فقدْ أقام
الدينَ و من تر كها فقد هدم الديْن
“Shalat iku dadi pokoking agama (Islam), sapa wong kang
jumenengake shalat mangka yekti dheweke wus jumenengake agama (Islam) lan sapa
wonge ninggalake agama satuhune dheweke wes ngrubuhake agama (Islam)”
Sinaosa kita sampun nindhaken shalat, lan kathah tiyang sami
jumenengaken shalat ananging saestunipun namung sekedhik tiyang Islam ingkang
sami nindhaaken shalat kanthi leres mungguhipun syari’at Islam lan hakekatipun.
Sahabat Umar bin Khaththab r.a ngendika
:
كشرٌ
من الناس يُصلى و لكن قليل منهم يقيموا الصلاة
“Akeh wong kang nindhakake shalat nanging mung
sethitik kang padha jumenengke shalat”
Saking pangandikanipun punika, tentu nuwuhaken pitaken tumrap kita
sedaya, kenging punapa kathah tiyang sami nindhaken shalat ananging nurut
sahabat Umar bin Khaththab r.a. namung sekedhik ingkang jumenengaken shalat.
semanten ugi kagem kitha piyambak punapa satuhunipun sampun jumengaken shalat
kanthi nyempurnaken kewajiban shalat punika. punapa shalat ingkang kita
tindhakaken sampun selaras kalian tuntunan syari’at Islam ?
Ibnu Qoyyim Al Jauziah ngendika bilih tiyang ingkang jumenegaken
shalat punika wonten gangsal tingkatan ;
1.
Tiyang
ingkang nganiaya pribadinipun piyambak, kanthi mboten nyempurnakaken wudhunipun,
mboten nenepi wekdalipun, kaifiyahipun lan rukunipun.
Tiyang mekaten
namung badhe dipun azhab dening Allah
2.
Tiyang ingkang jagi wekdalipun, aturanipun,
rukun-rukunipun lan wudhunipun. Ananging mboten saget nolak sedaya
pangridunipun syetan. Malah piyambakipun ngetutwureni dhateng pangridu punika.
Tiyang punika
namung badhe dipun hisab dening Allah
3.
Tiyang
ingkang saget jagi kilafiyah, rukun-rukunipun serta berusaha nolak dhateng
sedaya pangridunipun syetan. Supados saget tansah khusyuk anggenipun jumengaken
shalat. Mila shalatipun prasast kados tiyang ingkang nembe jihad. Ibadah shalat
ingkang tiyang punika badhe saget ngapus dhateng dosa-dosa ingkang sampun dipun
tindakaken.
4.
Tiyang
ingkang nindhakaken shalat kanthi nyempurnakakken hak-hakipun, rukun-rukunipun
lan kalifiyahipun, lan manahipun tansah manunggal anggenipun nindakaken
aturan-aturan punika sahingga mboten badhe ngremehaken shalat. Tiyang punika
pikiranipun namung tumuju dumatheng gusti Allah .
Tiyang punika
badhe dipun paringi ganjaran dening Allah
5.
Tiyang ingkang saestu sampun jumenengaken
shalat, amargi piyambakipun rumaos sampun saget mirsani dhateng Allah lan
tansah yakin piyambakipun dipun awasi dening Allah. Sahingga sadaya
pangridunipun kalian gusti Allah. lan Ibadah shalat minangka sarana kangge
nindhakaken taqarrub dhateng Allah SWT.
Kaum Muslimin
Jamaah Jum’ah Rakhimakumullah....
Shalat dereng
saget dipun tindhakakken kanthi khusuk, malah kathah tiyang Islam ingkang
nindhakaken shalat namung sekedar kagem guguraken wajib. Malah-malah boten nate
nyempurnakaken ibadah shalat kanthi nindhakaken
shalat-shalat sunnah, kados shalat sunnah rowatib, shalat dhuha, shalat hajat,
shalat tahajud lan sanesipum. Satuhunipun shalat ingkang namung guguraken
kewajiban punika dereng saget mujudaken dhawuhipun Allah SWT :
اتْلُ مَا أُوحِيَ
إِلَيْكَ مِنَ الْكِتَابِ وَأَقِمِ الصَّلَاةَ ۖ إِنَّ الصَّلَاةَ تَنْهَىٰ عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنكَرِ ۗ وَلَذِكْرُ اللَّهِ أَكْبَرُ ۗ وَاللَّهُ
يَعْلَمُ مَا تَصْنَعُونَ [٢٩:٤٥]
“Bacalah
apa yang telah diwahyukan kepadamu, yaitu Al Kitab (Al Quran) dan dirikanlah
shalat. Sesungguhnya shalat itu mencegah dari (perbuatan-perbuatan) keji dan
mungkar. Dan sesungguhnya mengingat Allah (shalat) adalah lebih besar
(keutamaannya dari ibadat-ibadat yang lain). Dan Allah mengetahui apa yang kamu
kerjakan”.
(Al-Ankabut /29
: 45)
Sesampinipun
kita jumengaken shalat, punapa ibadah shalat punika sampun saget nedahaken
dhateng pendhamelan ingkang dipun ridhani dening Allah ? amargi al hasil saking
ibadah shalat punika saget nebihaken saking pendamelan keji lan mungkar. Ibadah
shalat punika saget nuntun dhateng akhlak lan budi pakarti ingkang sae lan
sempurna, boten badhe wonten pendamelan kemungkaran. Malah rahmat lan
keberkahanipun Gusti Allah tansah linuber ing bumi punika. Sahingga saget
mujudaken Islam minangka “Rahmatan lil”alamin” Kanthi punika mangga kita
tansah berusaha nyempurnakaken ibadah shalat punika, ampun ngantos kita rumaos
sampun cekap lan sampun marem. satuhunipun salat ingkang sampurna punika shalat
ingkang tansah jagi lan mujudaken kasempurnanipun.
بارك الله لي ولكم قي
القرأن العظيم, و نفعنى و اياكم نما فيه من الايات و الذكر الحكيم , وتقبل منّي ة
منكم تلاوته انّه هو السميْع العليم
Selanjutnya khutbah kedua klikdisini
Sumber ;
Software Islam Kaffah – Alqur’an
Digital
Majelis Tabligh PDM Klaten: 2018 “ Buletin Khutbah jum’at- Edisi Rojab 1439
H/ April 2018”; hal 3-6
No comments:
Post a Comment