Media Dakwah, Pendidikan, Teknologi dan kesehatan

cari artikel anda disini

Thursday, February 8, 2018

Pejah mujudaken rahmat – materi khutbah bahasa jawa

  
السلام غليكم ور حمة الله و بر كاته
الحمد لله الذى خلق السماوات والاض و جعل الاسلام و نورا هدايةً
أَشْهَدُ أَنْ لاَاِلهَ اِلآ الله وحده لا شريك له. و اشهد ان محمدا عبده و رسوله لا نبي بعده. اللهم صلى و سلم على رسولك محمد و على اله و صحبه  و من والاه. فيا ايها الناس اتقوا الله حق تقاته, ولا تموتنّ الاّ و انتم مسلمون. اما بعد.
Para Sedherek kaum muslimin rakhimatulullah
Monngo ingkang sepisan kita raosaken kunjuk syukur dumateng Allah SWT ingkang sampun pareng pinten-pinten kenikmatan. Ingkang salah satunggalipun kulo panjenengan sami saget dipun paringi nikmat inggih meniko saget makempal wonten ing majlis ingkang saestu muliya yaiku majlis jamaa’ah jum’at. Atur Shalawat sarto salam mugi-mugi Allah tansah pareng wonten Rasulullah Muhammad saw kaliyan Kaluarga, sahabat, lan umat-umat ipun dumugi samangke dinten kiamat.
Para Sedherek kaum muslimin rakhimatulullah
Alam semesta lan isipun mboten wonten ingkang kekal. Semanten ugi manungsa pasti suatu saat ugi ninggalaken donyo utawi pejah. Namun ingkang dipun kawunginangi bilih pejahipun manungso mboten ateges tamat riwayatipun. Malah kosokbalene Pejahipun manungso niku saestu awal kehidupan ingkang nyata. Pejahipun manungsa ambekta tanggel jawab mempertanggungjawabkan gesangipiun.
كُلُّ نَفْسٍ ذَائِقَةُ الْمَوْتِ ۗ وَإِنَّمَا تُوَفَّوْنَ أُجُورَكُمْ يَوْمَ الْقِيَامَةِ .....
Artosipun : “Kabeh badan iku mesthi bakal nemmoni ing pati lan sanyata sira bakal padha disempurna-ake ganjaranira besuk ana ing dina kiamat......”(Ali Imran :185)
Pejah meniko ampun dipun ajrihi. Mesthipun tumrap tiyang ingkang siap ngadhepi pejah puniko tiyang ingkang rumaos cekap sangunipun. Yektosipun pejah punika mboten saget dipun singkiri lan boten dipun arep-arep. Dhatengipun mboten saget dipun tolak lan mboten saget dipun arep-arep. Tetapi kita namung saget nyiapaken badan piyambak kemawon dipun timbali.
اكشروا من ذكر هاذام الذاتِ : الموت { رواه الترمذي}
artosipun : “Ngakeh-akehono marang sing medhot kelezatan yaiku pati”
Para Sedherek kaum muslimin rakhimatulullah
Wonten pinten-pinten bab ingkang adamel tiyang ajrih ngadhepi pati utawi pejah. Ing antawisipun, boten mangertos punapa ingkang badhe dipun alami sak sampunipun pejah. Saget ugi gadhah pemanggih bilih punapa ingkang dipun darbeki sapunika, punapa ingkang dialami wonten donya punika langkung sae, Saged ugi wonten gambaran ing manah bilih kahanan sesampuning pejah punika rekaos. saget ugi tiyang ajrih ngadepi pejah kasebab mikir sanak sedherek ingkang dipun tilar.
Punapa ingkang dipun kuwatosaken, punapa inkang dipun ajrihi ngadepi pejah pejah punika yektosipun sampun kajawab cetha menggahipun tiyang mu’min. Menggahipun tiyang mu’min mboten wonten ingkang dipun ajrihi magepokan kaliyan dhateng ajal.
Mboten perlu ajrih lan kuwatos ngadhepi alam ingkang badhe dipun ambah inggih punika alam akherat. Wonten ing dalem ilmu tauhid dipun sebataken tahapan-tahapan tiyang gesang inggih punika alam kubur samapuning alam donya. Dados ibarat tiyang mlampah mekaten sampun wonten gambaran utawi peta, Sahingga panggenan ingkang badhe dipun tuju sampun jelas.
Menggahipun tiyang mukmin, menjelang oncatipun nyawa saking raga pikantuk pangebang-ebang saking malaikat supados mboten kuwatos lan boten susah.
إِنَّ الَّذِينَ قَالُوا رَبُّنَا اللَّهُ ثُمَّ اسْتَقَامُوا تَتَنَزَّلُ عَلَيْهِمُ الْمَلَائِكَةُ أَلَّا تَخَافُوا وَلَا تَحْزَنُوا وَأَبْشِرُوا بِالْجَنَّةِ الَّتِي كُنتُمْ تُوعَدُونَ
Artosipun kirang langkung : “Saktemene wong-wong kang padha ngucap :” pangeran kulo puniko Allah, ing sabanjure padha gelem tumindak jejeg, ing kono poro malaikat tumurun tembunge : “ sira ampun sumelang, ampun susah, kulo aturi bingah badhe pikantuk suwarga ingkang sampun dijanjek-aken marang sira “(QS. Fushilat :30)
Para Sedherek kaum muslimin rakhimatulullah
Pejah punika yektosipun mujudaken rahmat. Tiyang pejah manggih rahmat. pramila tiyang ingkang sampun pejah dipun paringi gelar Almarhum  ingkang ateges dipun rahmati. Tiyang jawi gadhah kapitadosan bilih tiyang pejah mlebet suwarga, tiyang pejah Suwarga panggenipun. Pramila tiyang ingkang sampun pejah dipun  paringi sebutan jenat, saking tembung Jannatun (suwarga)
Pejah punika sami utawi identik kalian sare, sami-sami ical kesadaranipun. Bentene tiyang sare dipun gugah saget jengkar, ananging pejah mboten saged dipun gugah. Tanda-tanda phisik, tiyang pejah mboten ambegan, menawi tiyang sare taseh ambegan. Kasebat wonten ing Alqur’an surat Az-Zumar ayat 42
اللَّهُ يَتَوَفَّى الْأَنفُسَ حِينَ مَوْتِهَا وَالَّتِي لَمْ تَمُتْ فِي مَنَامِهَا ۖ فَيُمْسِكُ الَّتِي قَضَىٰ عَلَيْهَا الْمَوْتَ وَيُرْسِلُ الْأُخْرَىٰ إِلَىٰ أَجَلٍ مُّسَمًّى .....
Allah mundhut nyawane awak nalikane awak iku mati, lan ngastha nyawane awak kang durung mati nalikane turu, Panjenengan nahan nyawa kang wes pinasthi mati, sarta nguculake nyawa nganti tumeka ing wektu kang wis katentol-ake ....”
Pejah punika ugi gadhani makna timbalan utawi panggilan. tiyang jawi nyebat katimbalan utawi pikantuk timbalan wonten maha kuwaos. Timbalan ngadhep dhateng pangayunanipun.
Para Sedherek kaum muslimin rakhimatulullah
Cekap semanten Khutbah Jum’at ingkang saget kawula aturaken, mugi-mugi kulo panjenengan sami saget mendhet hikmah wonten kehidupan.
بارك الله لى ولكم فى القران العظيم. اعذو ب الله من الشيطن الرجيم . بسم الله الرحمن الرحيم . وَالْعَصْرِ. إِنَّ الْإِنسَانَ لَفِي خُسْرٍ. إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ

Sumber :
Ir. H. Seno Al kadiry : “Sofware Islam Kaffah – Alqur’an terjemah (Zekr)
MT PDM Klaten “Buletin khutbah jum’at” edisi jummadil awwal 1439 H/ Februari 2018 

No comments: