Materi
Khutbah jum’at – Kekashipun Allah – Versi Bahasa Jawa
السلام
عليكم ور حمة الله و بر كاته
الحمد
لله الذى خلق السماوات والاض و جعل الاسلام و نورا هدايةً
أَشْهَدُ
أَنْ لاَاِلهَ اِلآ الله وحده لا شريك له. و اشهد ان محمدا عبده و رسوله لا نبي
بعده. اللهم صلى و سلم على رسولك محمد و على اله و صحبه و من والاه. فيا ايها الناس اتقوا الله حق
تقاته, ولا تموتنّ الاّ و انتم مسلمون. اما بعد.
Para Sedherek kaum
muslimin rakhimatulullah
Sasampunipun
ngunjukaken puji syukur wonten ing ngarsanipun gusti Alla, ngaturi shalawat lan
salam dumateng Rasulullah lan ngenggalaken sesanti kita bilih mboten wonten
sesembahan kajawi Allah, Monggo majlis jama’ah jum’at wonten siang punika kita
ugi ningkataken Iman lan Taqwa kita, Kita tingkataken ke-Islaman kita. Monggo
kita tingkataken amaliyah kita kanthi taqorrub dhateng Allah. Insya Allah
Taqorrub kita, nyelak kita dumatheng Allah mboten sia-sia. Usaha kita nyelak
dhateng Allah, taqorrub dhateng Allah badhe dipun respon, dipun sambut dening
Allah. kados dipun ngendika-aken Allah wonten hadits qudsi : “lamun
kawulaningsun nyedhak marang ingsun sak kilan, Ingsunn nyedhak marang dheweke
sak dzira’ Ingsun nyedak sak dhepo, lan manowo dheweke nyedhak kanthi lumaku,
ingsun nyedhak kanthi mlayu”. (Al Hadits)
Sinten
wali utawi kekashihipun Allah SWT punika. Hadits Qudsi ingkang dipun
riwayataken denegn Imam Bukhari ngendhikaaken bilih kekasihipun Allah utawi
Waliyullah punika tiyang ingkang celak dhateng Allah, taqorrub dhateng Allah,
anggenipun celak dhateng Allah kanthi nindakaken amalan-amalan wajib lan
ngopeni amalan-amalan sunnah. celakipun dhateng Allah anjalari lampah dalah
muno-muninipun dippun tuntun dening Allah, pramila manawi piyambakipun nyuwun
dhateng Allah SWT, dipun ijabahi, manwa nyuwun perlindungan dhateng Allah dipun
lindungi. kasebat wonten ing hadits Qudsi
من عادى لى و ليا فقد ااذنته بالحبر
“sing sapa mungsuhi kekasih ingsun, Ingsun Izini dheweke iku
diperangi”
وما تقرب الى عبدي بشيئ احب الى مما افترضت عليه
“kawulaningsun kang nyedhak marang ingsun
kanthi amalan-amalan kang wajib (fardlu), luwih ingsun tresnani (tinimbang kang
ngamalake sunat lan ninggalake kang wajib)”
وما بزال عبدي يقرب الى بالنوافل حتى احبه
“kawulaningsun tansah nyedhak marang
ngarsanipun kanthi amalan-amalan sunnat, sahingga Ingsun tresna marang dheweke”
فاذا حببته كنت سمعه الذي يسمع به و بصره الذي
يبصربه
“manawa ingsun tresna marang dheweke, ingsun
dadi kupinge nalika dheweke ngrungoke, ingsun dadi mripate nalika dheweke
dheleng”
ويده الَّتِى يبطِشُ بها و رجله التى يمشى بها
“ingsun dadi tangane sing kanggo tandang,
ingsun dadi sikile sing kanggo lumaku”
ولئن سألنى لاعطينّه ولئنِ استعاذنى لَاُعيذنَّه
“manawa dheweke nyuwun marang ngarsanipun
mesthi ingsun paringi,manwa dheweke nyuwun perlindungan mesthi ingsun lindungi”
Hadits punika njelasaken sinten ingkang dados wali utawi
kekasihipun Allah. Kados pundi anggayuh tingkatan wali utawi kekasihipun Allah,
punapa jaminan Allah dateng kekasihipun.
Kekasipun Allah SWT punika tiyang ingkang tansah nyelak utawi
taqqorub dhateng Allah. Anggenipun nyelak kanthi nindakaken amalan-amalan wajib
utawi fardlu. Kajaba punika amalan-amalan sunnat ugi dipun openi utawi dipun
persudi. Manawi tiyang celak dhateng Allah SWT lan dados kekhasihipun,
paribasan Allah dados talinganipun, daos mripatipun, dados tangan, lan dados
sukunipun, Manawi gadhah panyuwun dhateng Allah SWT, dipun paringi, manawi
nyuwun perlindungan, dipun lindungi, Ebo Mulyanipun dados wali kekasihipun
Allah. Malah ing kawitanipun Hadis dipun sebataken :
من عادى لي وليا فقد ئاذنته بالخرْب
“sing sapa mungsuhi kekasih ingsun, Ingsun Izini dheweke iku
diperangi”
Para
sedherek kaum muslimin rahimatulullah
Mmonggo kita, sageta
nindakaken amalan-amalan wajib kanthi sempurna lan kita di openi amalan-amalan
sunnat supados celak dhateng Allah.
Perlu pikanthuk kawigatosan tetembbung “ingsun dadi talingane
manawa dheweke ngrokoke, Ingsun dadi mripate nalika dheweke ndeleng, ingsung
dadi tangane nalika tandhang, Ingsun dadi sikile nalika lumaku”. Sampun
ngantos tetembungan punika dipun tegesi wantah. kajawi mboten pantes, ugi
nyalahi akidah. mboten pantes menawi Allah dados talinga, mripat, tangan lan
suku, nyalahi akidah utawi keyakinan manawi Allah sami kalian Makhluk, pramila
kedah dipun tembungaken bebasan utawi paribasan, deneng maksud-ipun, lampah
tumindak saha muno-mininipun dipun tuntun dening Allah. Tiyang ingkang celak
dhateng Allah, tiyang ingkang tansah taqqorrub dhateng Allah, punika dipun
tuntun dening Allah ing dalem gesanipun.
Perlu dipun kawunigani bilih Allah minongko sesembahan ingkang
nitahaken samukawis punika benten kalian makhluk. Allah punika ingkang
nitahaken samukawis; balik titah punika wontenipun sebab dipun titahaken dening
Allah ing dalem gesangipun.
Wonten penafsiran ingkang kalentu magepokan kalian personifikasi
utawi nyipati Allah sami kalian sifat makhluk, Allah kok dadi talilngan, dadi
mripat, dadi tangan lan dadi suku. Tafsiran kelentu ingkang kawula maksud,
bilih hadits punika lajeng dipun tegesi utawi dipun tafsiri manunggalipun
kawula kaliyan gusti. Istilah Ilmu tauhidipun wahdatul wujud utaw mulhid.
tafsiran mekaten mboten leres. kawula mboten bade manunggal kalian gusti Allah,
sagetipun namung nyedhak, nyedhak- dhumateng Allah. Nyipati Allah sami kalian
maklhuk punika inkang dipun wastani mutasabihat.
Para
sedherek kaum muslimin rahimatulullah
Agami Islam yektosipun agami
ingkang prasaja gampil, mboten ngebot-boti tiyang. kita gatosaken hadits
nginggil bilih manawi tiyang kersa nyelak dhateng Allah, dados kekashihipun
Allah, dados walinipun Allah. Anggenipun nyelak dhateng Allah cekap nindhaaken
amalan wajiblan ngopeni amalan-amalan sunnat. punapa malih kewajiban-kewajiban
agami punika sampun dipun ukur kalian kekiatan, dalah kemampuan tiyang.
Rasulullah Saw ngendika :
من اكل طيبا و عمل فى
سنّة و امن الناس بوا تقه دخل الجنة , قالوا : يا رسول الله, ان هذا فى أُمتك كشيرٌ. قال : و سيكون فى قوم بعدى
{الحديث}
“Sing sapa mangan barang sing resik-resik
(halal) lan nindhakake amal miturut sunnah, sarta wong akeh aman saka
gangguane, dheweke bakal mlebu suwarga.Para sahabat matur : “ Wahai Rasulullah,
Kathah tiyang ingkang “ mekaten punika. sapunika”. Rasulullah ngendiko : Ugo
akeh umat sak pungkurku”. (Al hadits)
Sidang
Jamaah Jum’at Ingkang dimulyakaken dhening Allah
Cekap semanten ingkang saget kawula aturaken, mugi mugi kanthi
khutbah ingkang sampun kawulo aturaken saget hanambahi Iman lan takwa Kita
dhumateng Allah SWT
اقول قولي هذا و أستغفر الله
الغظيم . لى و لكم و لسا ئر المسلمات فاستغفروه انه هو الغفور الرحيم
MT
PDM Klaten “ Buletin Khutbah Jum’at” edisi Februari 2018M / Jummadil Awal 1439
H
No comments:
Post a Comment